Senin, 01 Maret 2010

Tulisan "Waspada" Kang Dilalekake

Jaman iki jaman kang wes ora digubris karo manungsa. Jaman sing bener-bener dilalekake. Manungsa wis raiso mikir kang resik. Sik ono nang otak'e mung pengen seneng lan nduruti nafsu. Saengga manungsa saiki keblinger karo tujuan uripe. Sopo sik ngerti nek wayah iki arep mati. Yo, mula kui. Sakiki kudu iso ngatur awake dhewe miturut Al Qur'an lan hadits nabi uga Ijma' lan Qiyas kang waras.



Nah, gambar ing dhuwur iki iso didadekake pertimbangan kaya apa dunyo saiki. Anggepe manungsa kuwi dhuwe nyowo akeh kang marakake uripe manungsa kuwi nyante. Koyo-koyo ora bakal mati. Saiki nek dipikir nganggo akal sehat ki sakjane urip suwe lan mulyo luwih nyaman lan lestari rasane tinimbang urip kang disusu-susu karo wektu lan keadaan.

Urip kang kepenak kuwi kawujud saka jati diri kang iso ngendalekake nafsu. gusti Allah kuwi Maha Kuasa, duwe kehendak lan keputusan kang bijaksana. Saenggo nek ono masalah bab manungsa kuwi Gusti Allah, tanggape luar biasa.




panggonan wisata mesti duweni pantangan-pantangan utawa panggonan berbahaya. kayata daerah pantai Parang Tritis (PARIS) Jogja kang wes ono tulisan peringatan berbahaya saka Dinas Pariwisata kanggo nyegah hal-hal kang ora dipengeni. fasilitas liyo ugo disediakaken tim SAR kang ngawasi kawasan rawan bahaya.

Tidak ada komentar: