Senin, 22 Februari 2010

Manfaat Mangrove



Mangrove inggih puniko ekosistem ingkang estu produktif. Mangrove puniko saged dipun manfaatake kagem kayu bakar, obat-obatan, perikanan lan sakpanunggalanipun. misale kemawon perikanan pantai ingkang sanget dipengaruhi kaliyan kawontenan mangrove.

Mangrove ugi kagungan fungsi penting kagem nglindungi pantai saking sepak terjang ambak, angin lan badai. oyot mangrove puniko saged kamanfaatken dados pengikat lan ugi nyeimbangaken substrat lumpur. lajeng witipun saged ngurangi agenge arus.

Supados mangrove puniko mboten dimanfaatken ngawur dumateng masyarakat ingkang mboten kagungan tanggung jawab, lajeng kawontenaken undang-undang ingkang nglindungi kawasan mangrove puniko. misale kemawon Keputusan Presiden Nomor 32 Tahun 1990 bab Pengelolaan Kawasan Lindung, Undang - Undang Dasar Tahun 1945 Pasal 33 ayat 3, lsp.

Saking uraian ing nginggil saged kita pundhut kesimpulan, menawi kawasan mangrove puniko wait dilestarikaken ugi dipun jaga ekositemipun wonten ing kawasan-kawasan mangrove.

1 komentar:

Anonim mengatakan...

mantep, penjelasan ngagem bahas Jawi...

keren!!!